Strawberry karya Fahmi DNR

Strawberry karya Fahmi DNR tahun 2021 Totebag Sayang Ibu by. Fahmi DNR Doodle Gallery Moment Ama memetik buah Strawberry Buah strawberry di Kebun Strawberry Serang Purbalingga ꦱ꧀ꦠꦿꦺꦴꦧꦺꦫꦶ Stroberi Panen buah stroberi nang kebon stroberi Purbalingga, tepate nang ndesa Serang kecamatane nang Karangreja.. Nyong karo bojone nyong ngajak anake nyong sing jenengane Ama nggo ngrasakna sensasine metik buah stroberi langsung sekang kebone.. Pase pol awake dewek teka pas musime panen, dadi buah stroberine sing tak pet akeh mbanget karo legi legi ! ya tapi esih ana kecut kecute si setitik, sing wernane abang marun si lewih dominan legine daripada kecute.. Nyong ngejaki ama nggo nyekseni nek anugerahe alias pandume Gusti Allah kuwe luar biasa, terutamane ya buah buahan sing woh nang kotane dewek kiye Purbalingga, akehe pol jenise salah sijine buah stroberi sing Ama pet karo kumpulna.. Segere nd...